Oemah Cengloe


Pupu. Sekang jenenge bae wis katon mengini pisan. Apa maning nek pupu ayam goreng sing diwei gratisan. Heleh-heleh, jan, nylekamin pisan mbok. Lha nek pupu manungsa piwe jal? Ora ndadak njaluk apa maning mbayar. Siki andon juguran sedalan-dalan, pupu manungsa gratis. Mlaku ngalor-ngidul, gagat esuk gutul awan wengi. Nylekamin? Ora. Nylekiti lha iya. Soale manungsa kuwe, seringe ora bisa ndeleng sikon,

Jan-jane sih ya lagi ora ana sing nglarang nganggo celana pendek, sing jere jaman siki jenenge 'hotpants'. Ning, koh ya, kayong sing nganggo kuwe ra mikir disit. Mlaku-mlaku nang swalayan, nongkrong nang alun-alun, ngasi numpak motor, pupune diler ming ngendi ora. Ora ndeleng sikon lha, alias situasi dan kondisi. Mbok jelas lha kabeh wong teyeng weruh.


Nek gelem jujur sih yah, ananabae sing seneng. Jere gawe mata seger, nek ndeleng pupu diler. Ngasi mentheleng, kaya nembe tau ndeleng pupu. Aja disalahna nek ujug-ujug uteke dadi ngeres. Jal, apa arep ora dadi napsu nek saben-saben disuguhi pupu sing mlekenyis-kinyis pisan. Lha nek ngko ana kedadian sing ora diarep-arepna, wong-wong arep nyalahna sapa jal? Sing ngedeng-ngedengna apa sing nggencileng bae.

Nanging ya kuwe, ora kabeh wong bakal seneng utawa napsu, ana uga sing risih. Malah kadang nganti nggrundel ning ati ngelek-ngelekna wong sing ngeler pupu kuwe mau. Lha nang nggon umum, sing kabeh mata bisa ndeleng maning. Ngrusuih pendelengan.

Nek kaya kiye bae yah,ngrumangsane rega ayam kuwe lewih dhuwur regane tinimbang manungsa lho. Soal pupu kuwe mau umpamane. Siki mbok, nek arep tuku pupu ayam, kudu bayar. Lha kiye, pupu manungsa, malah gratisan mbok. Oalah jan-jan, eman-eman temen uripe...

Categories:

Leave a Reply