Oemah Cengloe

Kang sobar, priwe kabare? Inyong lagi bingung pisan kiye, kang. Mulane dadi pengen gendu-gendu rasa.

Kang sobar siki adoh si, dadine kudu ngasi kirim layang. Anu arep SMS apa tilpun, kayong ora sranta. Arep ngirim imel, jebul inyong sing gaptek. hehehe.

Dadi kaya kiye, kang. Sawijining dina, inyong lagi saba maring bendungan. Andon tilik banyu sing jerene madan mbludak. ora kemaha, inyong malah ketemu bapak-bapak sing jere penunggu bendungan kuwe.

Akhire, Inyong malah ngecebres ngalor-ngidul. Ngasi ngumpruk. Jan, bapake gaul pisan koh. Padahal umure wis merek 50.

Wis sue gole ndopok, jebule, Bapake malah tawa mbokan inyong butuh kesugihan. Nek ora, mbokan inyong pengen lulus ujian sekolah. Orang nganggo sinau loh, kang.
Lha, inyong ya kaget, mung cengar-cengir ora nggenah. Jere Bapake, nek gelem, ana rituale.

Dus-dusan nang bendungan tengah wengi. Sajen kembang tuju rupa, ingkung, karo menyan sing mengko-mengkone bakal dilarung.

Oalah, kang. Inyong ora nyana nek neng jaman siki, tesih pirang-pirang kaya kuwe.
Nek Bapake sih gole ngomong, kuwe sing jenenge njaluk pitulung maring alam, udu maring setan. Nek maring setan, beda perkara maning.

Ganu, sih pancen akeh wong sing ndelah sajen nang wit, kali, utawa laut, anu nggo ngregani alam. Manungsa uga tesih urip selaras karo alam. Tesih gelem njaga, ora ngrusak. Lah rika ngeri kayangapa ganu.

Lha, siki, alam ujarku mung digople nggo kepentingan sesaat. Ndelah sajen, mesti anu arep njaluk rupa-rupa. Bar kuwe, malah ngrusak lingkungan. Ora ngregani blas, mbok!

Nek menurute kang sobar, kepriwe? Lelaku sing bener, janen kudu kepriwe?

Ujarku, ora usah njaluk rupa-rupa ming alam. Sing penting urip selaras, mengko toli alam kiye ngewei pirang-pirang manfaat nggo manungsa. Bener ora kang?

Kang, inyong njaluk tulung banget, layange dibales. Jan, inyong lagi kepikiran kuwe terus koh. Ngasi mod-modan. Nek inyong ora takon karo rika, kon maring, jal.

Yawis, mung kaya kuwe bae disit, kang. Salam sekang Mboke, jere kon sing sehat. Maturnuwun, kang.

Salam, Parsan.

.NaRa.

Categories:

Leave a Reply