Oemah Cengloe

22 dina. Nek diematna, itungan dina kuwe lagi ngitung mundur maring tanggal 22 maret 2010. Dina pertama ujian nasional nggo kelas 12. Uga dina pertama bocah kelas 10 karo 11 preian (maning).
Angka 22 kuwe mau ditempelna neng papan putih sing dipasang neng pendopo sekolahan. Mulane katon sekang njaba gerbang.
Ndean, bocahan neng sekolahan kuwe mung adem klenyem ndelengi papan kuwe. Tapi, inyong koh malah kayong dadi gatel melu ndopok soal UN. Gara-gara ndeleng papan putih kuwe saben dina kemis sih lha.
Tapi ya kuwe, inyong ora arep melu-melu ndopok kaya sing neng koran-koran apa malah sing neng tivi. Ngomong ngalor-ngidul ora genah. Nganti mbleber-bleber. Inyong mung arep ngomong soal ijasah. Thok, til.
Ngonoh, ngaku apa ora, alesan bocahan melu UN mesti mung gara-gara butuh ijasah. Ndean malah alesan mlebu sekolah. Ya mbuh arep nggo sekolah maning, apa andon nggo ngode.
Mbuh kuwe bocah pancen sinau pas arep ujian, apa malah mung ngepek bangku ngarep thok. Mbuh paham apa ora sing disinauni apa ora. Malah ndean nganti dolan maring dukun. Bar kuwe bisa mbunderi jawaban kanti bener. Nek, ijasah sing ana tulisane "lulus" bisa neng tangan. Ya wis. Bar kuwe corat-coret.
Lagian, nek lulus mbok dudu bocahan thok lha sing bungah. Wong tua be dadi ora isin. Dadi bisa pamer maring uwong se-RT nek anake lulus. Angger sekolahan lha, bisa dadi jumawa olih kalung "100% lulus". Terfavorit!
Lha nek kaya kiye, inyong malah dadi mbayangna: kira-kira kaya ngapa ya nek ujian kuwe langka nilene. Langka ijasah kelulusan. Mbok nek ndeleng iklan gaweane Dinas Pendidikan sing neng tivi kae, ujian kuwe bagian sekang belajar alias sinau. Nah, mbok, sing jenenge sinau kuwe langka batase. Langka bates waktu. Apa maning bates nile-ne.
Apa iloken enggal sore, bocahan isih ana sing melu sing jenenge pengayaan? Apa bocahan sing arep ujian kuwe enggane isih menthelengi buku pelajaran nganti keyeng? Kira-kira isih ana sing bakalan wuru rame-rame bar ujian ora ya?
Nek pancen temenan langka ijasah kaya ngapa ya? Ya mbuh! Apa inyong dukun. *immo*

Categories:

Leave a Reply