Oemah Cengloe

Inyong isih ora ngerti kenangapa uwong-uwong isin ngomong basa mBanyumasan. Ora neng Banyumas, Purwokerto, Purbalingga, apa neng Banjarnegara. Ya ora enom, ora tua, pada bae. Kabeh wong senenge ngomong karo bahasa bahasa Indonesiaan.

Nganti neng ndesa, ana wong tua sing ngajari ngomong anake karo basa Indonesia. Lho mbok jere basa ibune dewek kuwe basa mBanyumasan. Lha kye deneng.

Kaya-kayane nek ngomong basa mBanyumasan kuwe ngisin-ngisinane pol. Lewih ndadikna isin sekang dadi tukang njaluk-njaluk.

Inyong dadi pengin cerita kyeh. Inyong kuwe nduwe kanca wadon. Pawakane si duwur, kaya model lha. Raine lumayan ayu. Bisa basa inggrisan maning. Lha kancane inyong kuwe malah nduwe gelar mbekayu Purbalingga. Jose pol mbok.

Tapi ya kuwe, sing gawe nelangsa ati, bocah wadon kuwe jebule ora bisa ngomong basa mBanyumasan. Padahal umahe ya neng Purbalingga. Kuliahe ya mung neng Purwokerto thok.

Jan-jane si ya ora kuwe thok contoh wagu sekang basa sing dienggo ngomong neng wong-wong. Neng Purwokerto malah ana radio sing penyiare gole ngomong karo basa 'loe-gue'. Lha mbok ora pantese pol. Kye mbok udu Jakarta, sing pancen nggone wong ngomong basa 'loe-gue'.

Inyong ora lagi sebel karo basa Indonesia, dadi cerita kaya kiye. Inyong mung lagi nelangsa karo polahe wong-wong sing pada sok modern. Bisa ngomong basa Indonesia, ndean malah nganti bisa basa Inggrisan, si pancen apik. Tapi, ya mbok aja malah dadi pilih kasih kaya kuwe. Kuwe si jenenge ora bijaksana.

Sing jenenge basa ibu, mbok sing kudu ngelestarikna kuwe anak-anake. Ya dewek kiye. Apa dewek ora isin karo wong-wong luar negeri sing malah seneng sinau basa daerah karo budaya neng Indonesia. Apa kowe pancan rai gedek?

Engko nek basa, terus budaya Mbanyumasan, diaku-aku neng wong asing, lha nembe gotak. Mbok wagu nek jebule dewek kuwe sing marekna "umahe" dewek kecolongan.

Tenang bae, ayu karo nggantenge kowe pada ora bakal ilang koh nek kowe pada ngomong basa mBanyumasan. *immo*

Categories:

Leave a Reply