Oemah Cengloe


Winginane pas inyong balik ngumah, inyong ndeleng acara tivi, “Satu Untuk Negeri”. Acara kuwe disiarna nggo nggolet duit nggo ngrewangi korban gempa bumi nang Tasikmalaya.
Neng acara sing mulaine jam sanga wengi kuwe, wong-wong pada dikumpulna nang ruangan gede. Kaya aula lha. Ana barisan tukang nerima telpon sekang wong sing kepengin nyumbang. Tapi jere ana korban sing telpon juga. Nang ngarep dewek, ana tivi gede nggo pranti nyetel gambar-gambar korban gempa. Melasine por.
Sing dadi pembawa acara wora-wiri mereki sing pada teka. Karo takon, “nyumbang pira?”, kaya kuwe kira-kira ngomonge. Terus peserta acara kuwe langsung njawab arep nyumbang pira. 10 juta, 15 juta, 25 juta…. Pokoke akeh maning lha.
Dadine, sing pertamane gole nonton dadi melu ngrasakna nelangsane. Tapi, selot suwe ko malah dadi gela dewek. Piwe ora gela jal, lha masa acara amal malah dadi nggone wong sugih pada pamer. Masa nyumbang bae kudu diomong-omongna. Nang tivi, maning.
Mulane inyong malah dadi kepikiran, jane wong-wong sing nyumbang kuwe mau, ikhlas ora ya?
Ora mung kuwe thok sing gawe inyong gela. Tapi, juga soal gambar pengungsi sing ana neng tivi. Gambar umah rusak, ibu-ibu sing lagi pada nangis, bocah cilik sing dadi trauma, akeh lha liane.
Tapi, inyong malah ndeleng gambar-gambar korban kuwe, mung dadi alat thok. Alat nggo nggawe wong-wong dadi melu melas karo para korban. Nek wis melas, kan dadi jor-joran gole nyumbange.
Inyong ora bisa mbayangna pira duit sing mlebu maring rekening stasiun tivi kuwe. Tapi, jujur bae ya, inyong malah kepikiran karo bunga bank sekang duit sumbangan sing ora etungan. Jan-jane mlebu sak-e sapa ya? Sing nduwe tivi apa korban.
Inyong si wis tau maca, nek duit sumbangan pancen tetep dibagikna. Tapi, nek bunga-ne lha malah mlebu maring sak-e sing nduwe tivi. Dadi critane tivi-tivi kuwe lagi pada ngode. Lewih akeh sing nyumbang, lewih akeh duit bunga sing disak. Tapi, ndean sing lewih pas maning kuwe; lewih akeh bencana, lewih cepet sugih.
Huh… inyong tambah ora ngerti karo wong-wong Indonesia lho. *immo*

Categories:

Leave a Reply